Kenging menapa wonten adat kejawen, mligi yen kagungan damel mantu, temtu sami ngagem SAJEN-SAJEN, lajeng punapa kersanipun lan werdinipun ?
Manut ingkang kula tampi, saking para pini sepuh; bilih SAJEN, satunggaling srana nyuwun wonten ngarsaning Pangeran, awit saking kapitadosan ugi kaliyan ingkang ngreksa papan padunungan, utawi ingkang anjagi utawi ingkang mbaureksa papan mriku.
Dene yen ngemuti gesang kula sedaya sejatosipun wonten sesambetanipun antawisipun Kula, Alam lan Allah. Tumusipun tiyang lajeng pados srana ingkang dipun wujudaken kados SAJEN-SAJEN punika.
Mila gothek ing tiyang ngakathah sajen satunggaling srana sesambetan kaliyan dat Pangeran ingkang boten kasat netra. Dene tembungipun sanes kangge nyuwun tulung supados sami tumut rerencang sampun ngganggu.
Dene sajen-sajen kadamel maneka warni saking pemanggih kula anggenipun nelakaken raos ingkang dados panyuwunanipun, kepara kirangipun sedaya wau tasih dipun kantheni wajib awujud arta, kanthi tembungipun “ Yen ana kurange tukua ana pasar gedhe”
Mila SAJEN-SAJEN kadamel wonten sambetipun kaliyan kabetahan, Conto Sajen Kagem Tarub, boten sami kaliyan sajen kagem Siraman, saha sajen Midodareni lan sanes-sanesipun.
Dene ingkang badhe kula aturaken wanci punika, mligi sajen-sajen tiyang ingkang badhe kagungan kersa mantu.
Pramila kenging punapa sajen-sajen maneka warni ujudipun, kinten kula mengku werdi. Lajeng punapa werdinipun sumangga samangke sami dipun padosi lan dipun onceki, werdinipun
WUJUDING SAJEN-SAJEN ANTAWISIPUN
a. Tumpeng, kados gunung
b. Sekul / sega
c. Jenang,
d. Jajan Pasar
e. Dhaharan,
f. Tetuwuhan, Woh-wohan lan Ron-ronan
g. Ingon-ingon ( urip-urip )
1) Tumpeng Robyong: tumpeng ingkang rinengga: gudhangan, conto kancang panjang, wortel, kobis, So, bayem, bumbunipun anyep-anyepan, ugi lawuh kados; tempe goreng, ayam goring, iwak asin, pucuk ing tumpeng dipun sunduki sada tigan ayam kulitan, trasi, brambang, lan lombok abrit, Punika dipun racik wonten cething saking bambu, anggenipun nata acak-acakan. Margi saking anggenipun nata acak-acakan utawi boten kanten-kantenan, katingal pating besasik. Werdinipun : satunggaling pemut bilih ing tembe gesang kula panjenengan boten waspada, badhe ketaman sak warnining reribet, kados pepindhan kurdaning gunung ingkang ngedalaken latu lan lahar ingkang lajeng damel sakiwa tenganipun mosak-masik, amargi katrajang lahar, Mila panataning gudangan lan lawuh boten kanten-kantenan, dene pucuk wonten trasi, lambing lendhut, tigan, lambang sela-sela, nanging yen tiang pinter pranyata punika dados wiji, bakalan ingkang mupangati, awit saged dados srana damel bangun lan sapiturutipun, Lombok abrit lambang latu yen gunung kurda tentu ngedalaken latu Nanging yen dipun pratitisaken gesang kula kedah murup. Liripun sampun ngantos kados reca tanpa ginua.
2).Tumpeng Gundhul: wujud polos pethak, dene lawuhipun goring-gorengan: peyek teri, peyek gereh ( iwak asin: pethek), peyek kancang peyek tholo.
Dene werdinipun: satunggaling lambang kagem pemut dumadinipun tiyang lahir ingkang polos, lugu, prasaja, inggih bab raos, lahir lan batin, ugi manah utawi pikiran tasih suci / sae.
3). Tumpeng Pungkur; ujudipun kados tumpeng rombyong, nanging dipun palih, dene panatanipun sami ungkur-ungkuran. Umumipun kagem sajen memule para-para ingkang sampun suwargi
4). Tumpeng Megono : lawuhipun wonten 7 warni, inggih punika: kangkung, kacang gleyong, mbayung, kobis, wortel, boncis, lan thokolan.
2. Ketan Kolak, lan apem. Wonten kolak kencana ( kadamel saking pisang emas )
3 Jenang-jenangan; ingkang sampun wonten 7 warni inggih punika:
1) jenang pager ayu (jenang abang diubengi jenang putih)
2). jenang abang,
3) jenang putih
4) jenang abang diparingi pupuk jenang Putih,,
5) jenang baro-baro, ( jenang abang nginggilipun dipyur-pyuri parutan klapa lajeng dipun sukani irisan gendis jawi )
6) jenang palang,
7) jenang separo abang-putih
3. Dhaharan Asrep-asrepan. klebet sekul, gudhangan sak bumbunipun , sambel gepeng (dele pethak dipun deplok lan gereh pethek), endhog godhog,
4. Sekul inggih punika:
1) Sega Gurih lan lawuhipun: sambel pecel, sambel pencok, timun, kemangi, krecek, ketan kolak
2) Sega Liwet, lawuhipun srundeng
3) Sega kebuli : uwos dipun masak kanthi bumbu gule, dipun paringi endhog godhog ingkang dipun goreng,.brambang utuh digoreng, lan jerohan ayam
4). Sekul kuning:, lawuhipun endhog dadar, bregedel, abon, kacang goring, dhele cemeng
5) Sekul Golong: sekul kadamel bunder, cacah 2
6) Sekul Golong Lulut: sekul kadamel bunder nginggil dipun sukani utawi dipun tutup endhog dadar
5. Sanggan: ujudipun wonten: Pisang raja setangkep, dipun rengga lawe wenang (dipun ubengaken ing pisang wau), kinang ( suruh, gambir, injet, sata) lan kembang talon ( Kanthil, kenanga,Mlathi), abon-abon,
6. Jajan Pasar, ujudipun: maneka warni woh-wohan, nanas, sawo, jambu, pelem, jeruk lsp, pala kependhem, pala kesimpar, pisang raja, raja pulut, makanan tradisional, empluk dipun isi uwos lan tigan, jlupak kagem dilah.
7. Bucalan: kadamel wonten ancak; isinipun; irisan jenurk pecel, rujak, tumpeng alit-alit warni abrit, pethak, ijem, jene, cemeng, endhog mentah, srutu, kembang talon, arto receh (logam) jenang baro-baro, biji-bijian, gecok mentah ( daging mentah dipun sukani santen)
8. Sangga Buwana: sekul dipun tutupi intip mengkurep
III. SAJEN PASANG TARUB
1. 2 ambengan sekul lulut ( sekul pulen)
2. 2 ambengan sekul wuduk ( sekul gurih )
3. 6 ambengan sekul asahan salawuhipun
4. jajan pasar sapepakipun,
5. jenang-jenangan
6. pisang ayu, lan suruh ayu
7. Ingkung ayam
IV. SAJEN SIRAMAN
1. Tumpeng Robyong
2. Tumpeng Gundhul
3. Jajan Pasar sak pepakipun
4. jenang-jenangan
5. pisang ayu, lan suruh ayu
6. Jenang-jenangan maneka warni
7. dilah, sentir ( saking jlupak paringi lisah klentik)
8. Sekar Sritaman ( Mlathi, kenanga lan mawar )
9. urip-urip ( ayam jagoan )
V. SAJEN NGERIK MANTEN Sami sajen Siraman,